Minggu, 19 Mei 2024

Rangkaian Kegiatan Dalam Rangka HUT RI Ke - 78 Desa Purwosari

Rangkaian Kegiatan Dalam Rangka HUT RI Ke - 78 Desa Purwosari

Purwosari,wonten ing dinten Senin malam Selasa tanggal 31 Agustus 2023 Panitia HUT RI Kaping 78 tahun ngawontenaken Rapat Koordinasi magayutan kalih teknis pelaksanaan rangkaian adicoro ingkang badhe lumampah sakperlu hanyengkuyung wontenipun Dinten Kemerdekaan RI ingkang kaping 78.Musyawarah dipun hadiri saking unsur Panitia,ugi saking jajaran lembaga desa sae unsur RW,RT,Kader Kesehatan ugi saking unsur Pemuda Karang Taruna Desa Purwosari.Cekak aosipun saking Panitia Penyelenggara bade ngawontenaken Upacara Bendera 17 Agustus ingkang badhe diwontenaken ing Lapangan Gelora Pancasila Desa Purwosari,dinten Kamis Tanggal 17 Agustus 2023 milai tabuh07.00 dugi paripurno,ingkang pesertanipun saking sedoyo unsur masyarakat lan Instansi wonten ing Desa Purwosari.Dene acara Karnaval dipun laksanaaken milai Tabuh setunggal siang utawi Ba'da Dhuhur.Adicoro Karnaval puniko bade nampilaken potensi potensi ingkang wonten ing Desa Purwosari.

Dene Kegiatan sanesipun inggih puniko Cabang olah raga sepak bola,bola volly,mancing lan kagem adicoro Pamungkas inggih meniko malem Pentas Seni ing tanggal 27 Agustus 2023.

Mugi mugi sedoyo adicoro saged lumampah kanti lancar lan mboten wonten pambengan setunggal punopo.

Bagikan :

Tambahkan Komentar Ke Twitter

Arsip Berita

Statistik Pengunjung